Pamarentah Kalurahan Tancep Mangayubagya Hari Jadi DIY kaping-271

Sadari 13 Maret 2026 09:27:06 WIB

TANCEP ( SIDA ), 

Dinten Jemuwah (13/03/2026), sedaya jajaran Pamarentah Kalurahan Tancep ndherek mangayubagya pengetan Hari Jadi utawi adeging Pamarentah Daerah Istimewa Ngayogyakarta (DIY) ingkang kaping-271 warsa.
Lurah Tancep kairing dening sedaya Pamong Kalurahan katingal regeng nindakaken upacara pengetan kanthi ngginakaken busana krama jangkep. Kegiatan menika minangka wujud raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung sarta pakurmatan dhumateng sajarah adeging bumi Mataram.
Wonten ing pengetan warsa menika, Kalurahan Tancep ugi nyengkuyung saestu tema ingkang dipunangkat, inggih menika “Mulat Sarira Jumangkah Jantraning Laku”. Tema menika nggadhahi filosofi supados sedaya elemen masyarakat saged mawas dhiri sarta tansah semangat kagem mranata lampahing gesang ing jaman enggal menika.
Bapak Lurah Tancep mratelakaken bilih pengetan menika mboten namung upacara kemawon, nanging ugi dipunwujudaken kanthi masang umbul-umbul sarta ubarampe sanesipun kagem ngramekaken swasana ing lingkungan kalurahan.
“Kanthi pengetan kaping-271 menika, mugi-mugi Ngayogyakarta tansah ayom, ayem, lan tetep Istimewa selaminipun. Masyarakat ugi saged manunggal nyengkuyung pembangunan kagem kasejahteraan sesarengan,” pangandikanipun Lurah Tancep.
Kanthi wontenipun pengetan menika, dipunajab saged nggugah semangat nasionalisme sarta nglestarekaken kabudayan Jawi ingkang adiluhung wonten ing madyaning bebrayan agung.

Jogja Istimewa, Tancep Sejahtera!
Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar